Sabtu, 28 Januari 2012

Puisi Bebas

Surga Warisan Sang Pencipta

Seruan kicau sang burung
Bergeming di indahnya embun pagi
Rerimbunan pepohonan yang menyapa
Tanda mentari kan mulai pancarkan sinarnya
                                                      
                                                       Sepoi-sepoi angin yang berhembus     
                                                       Bunga-bunga yang bermekaran
                                                       Sejuk asri hutan insani
                                                       Sejenak hilangkan dera yang berkecambuk

Harmoni alam yang menggores kalbu
Merasuk roma jiwaku
Meniti jalan kehidupan
Menuju surga warisanmu

Kamis, 26 Januari 2012

Cerkak Bahasa Jawa


Lasirin Dhagelan Kethoprak
Dening: Masdjup (Ki Dhalang Sulang)
Paitane Lasirin ora liya ya mung saka rupane sing kawit biyen mula wis katon lucu. Upama dheweke munggah panggung tanpa lorengan ngono para penonton wis mesthi ngguyu kepingkel-pingkel, kepuyuh-puyuh, malah sok nganti kepentut-pentut. Mula saben rombongan kethoprake entuk tanggapan, Lasirin ora nate keri, mesthi melu munggah pangung. Ndhagel. Banjur para penonton padha iwut nguncali wungkusan-wungkusan wujud apa wae. Rokok, jajanan, malah ora kurang sing padha nguncali amplopan isi dhuwit kanggo saweran. Minangka ijole, Lasirin banjur nembang lelagon sing dipesen penonton lumantar tulisan ing dluwang sasuwek sing dikatutake njero wungkusan lan amplopan mau.
Anggone nembang mesthi dikantheni njoged pethakilan sing katon unik lan nganyelake. Yen Lasirin wis tumandang ngono kuwi, penonton saya kranjingan lan gemes banget. Kena-kenoa, Lasirin diangkah supaya terus tetembangan lan jejogedan sewengi natas. Wis ben, ora nganggo lakon-lakonan ya ora apa-apa paribasane.
“Eeeee….. karepe dhewe. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur, nanging kethoprak komplit. Nek pengin nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae. Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus, yu, le, nang, he he he he he….” ngono wangsulane Lasirin karo plerak-plerok nggregetake, nalikane penonton padha alok supaya dheweke terus wae anggone ndhagel. Krungu wangsulane Lasirin ngono mau, para penonton malah nanggapi pating blerok sing ora jelas basane, nanging wose padha marem banget atine.
Cekakke, Lasirin pancen wis dadi dhuweke masyarakat pandhemen kethoprak ing wewengkon kono. Jenenge saya moncer. Malah-malah amarga saking moncere, wong-wong padha luwih gampang nyebut kanthi jeneng “Kethoprak Lasirin”, katimbang nyebut jeneng resmi rombongane: Sandiwara Kethoprak Mangun Budaya”. Lasirin kaya-kaya minangka suksmane rombongan kuwi. Tanpa Lasirin wis kena dipesthekake yen Mangun Budaya ora bakal payu tanggapan. Bola-bali wis klakon yen rombongan kethoprak kuwi pinuju pentas nanging tanpa Lasirin, sing nanggap lan penontone pisan mesthi kuciwa.
“Nonton kethoprak Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih mulih!” ngono aloke penonton, banjur katon siji baka siji padha bali kanthi nggawa ganjelan kuciwa ing ati. Sing nonton dadi sepi. Sing nanggap uga melu gela. Mula ora kurang sing banjur padha mangkas bayaran tanggapane, sanadyan dikantheni bengkerengan adu gurung karo pimpinan rombongan kethoprak luwih dhisik.
Ing wektu-wektu iki pancen Lasirin kerep lowok ora melu manggung. Dene sabab musababe ora liya marga dheweke wis katon lara-laranen dipangan taun. Umure pancen wis ngancik eketan munggah. Upama ora krana wis dadi sandhang pangane wiwit enom hengga seprene mono, janjane dheweke wis wegah banget munggah panggung. Apa maneh isih kudu ngonthel sepeda tumuju menyang lokasi pentase. Banjur isih kudu nebar panglipur marang para penontone, sing kepengine mung kudu kepranan atine awit saka geculane, tetembangane, lan salah tingkahe Lasirin ing panggung. Huh! Kesel! Dhewekke pancen kesel tenan. Kesel ragane, kesel pikirane, lan uga kesel jiwane. Karo maneh yen dheweke tetep ngaya lan nekad penthalitan kuwi arep nggolekake sapa? lha wong ya ora anak ora bojo wae!
Kasunyatane dheweke pancen wis ora duwe kulawarga babar blas. Sadurunge manggon ing desane sing saiki kuwi, dheweke ora nate ngandhaake asal usule. Bebasan  dheweke kuwi tanpa dhangka tanpa sengkan, wong kleyang kabur kanginan, akandhang langit akemul mega. Mung wae ana sing nate krungu riwayat asmarandanane. Jare biyen dheweke ya duwe pengankah kaya wong wong akeh kae, yakuwi kepengin mangun bale somah karo sawijining kenya nunggal kampunge. Nanging bebasan dheweke mung keplok tangan sisih. Kenya sing dituju prana kuwi babar pisan ora nimbange katresnane. Ya ora jeneng mokal yen ana prawan sing nolak katresnane. Bandha ora gableg. Apa maneh rupa, paribasane mbuwak mbuntel. Jan ala tenan. Ora ana baguse sithik-sithika.
Wusana dheweke minggat saparan-paran. Nganti tumeka sawijining desa sing nduwe rombongan kesenian kethoprak Mangun Budaya kuwi. Nalika samana sing dadi tetuwanggane Kethoprak Mangun Budaya ora liya Mbah Mangun, bapake Pak Bandi, ketua rombongan sing saiki. Dheweke nekad nglamar dadi anggota rombongan kuwi. Mbah Mangun  gelem nampa panglamare Lasirin, nanging dhapukan sing lowong mung minangka pendhagel. Sanadyan durung nate nglakoni dadi seniman kethoprak, luwih-luwih dadi dhagelan, Lasirin nekad nyaguhi.
Mbok menawa jalaran rupa gawan bayine sing katon ala lan lucu kuwi, sithik baka sithik Lasirin bisa mersudi kabisane ing babagan gecul-geculan. Ndilalah penonton padha nampa kathi senenge ati.Wusana dheweke klakon dadi bintang panggung. Mung wae sajake atine wis kadhung sengkleh ing bab donyane katresnan. Tekade arep mbujang selawase. Uripe mung bakal diudhokake kanggo wong akeh. Aweh panglipur marang sapa wae lumantar ndhagele ing panggung, yen perlu hengga puput nyawane.
Nanging dheweke lali yen kahanan ragane wis ora kena diajak kompromi. Penyakit tuwane arupa loyo lan watuk mengi saya ngrembaka. Mula dheweke banjur kepeksa prei ora kuwagang munggah panggung maneh. Rombongan Kethoprak Mangun Budaya klakon kelangan bintange, sahengga saya surut pamore. Suwene-suwe ora payu tanggapan babar pisan. Pak Bandi minangka jejere ketua rombongan kaya-kaya kentekan akal kanggo nguripake suksmane rombongan kethoprake. Dheweke ngerti banget underan perkarane, gene kethoprake dadi mati? Ora ana liya mung kajaba Dhagelan Lasirin sing klakon pensiun kuwi.
“Apa Pak dhe Lasirin kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah! Sajake nglengkara. Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak jajal golek gantine Pakdhe Lasirin kanggo dhapukan dhagelan, si Marno Singkek kuwi, nyatane ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Dhuh Gusti, dalem nyuwun kali damar Gusti…… mesakaken lare-lare  sami kecalan sandhang patedhanipun, Gusti…” ngono pisambate Pak Bandi ing batin, wola-wali meh saben wengi, sangsaya ketara pupus panalare.
Sidane dheweke nekad nyoba ngglembuk marang Lasirin. Embuh carane, sing baku Lasirin kudu gelem bali munggah panggung. Ora ana dalan liya maneh. Ya mung iki siji-sijine syarat-sarengat amrih pakumpulan kethoprak Mangun Budaya bali moncer. Mula ing sawijining sore dheweke klakon nyambangi Lasirin ing omahe. Omah cilik balungan  lan gedheg pring sing saya dhoyong sajak arep rubuh. Sadurune mlebu ing omah sing luwih pas disebut gubug kuwi, Pak Bandi unjal ambegan. Landhung banget. Embuh apa tegese unjal ambegane kuwi.
“Sampeyan apa gak mesakake marang kanca-kanca ta, Pak Dhe?  Yen ora ana sing nanggap, anak bojone njur dha dipakani apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak, sajake wis padha lali carane. Macul wis dha wegah, mbakul gak dha gableg modhal. Yen pengin dadi pegawe, njur kantor ngendi sing gelem nampa wong mbambungan kaya kanca-kancane dhewe iki? Mula ya, Pak Dhe, aku welasana. Wis ta, sampeyan njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem bali manggung maneh!” pangrimuke Pak Bandi marang Lasirin sawise kekarone lungguh lincak pring njero omah kuwi. Sing dirimuk durung kumecap. Mripate kethap-kethip nyawang menjaba, karo sedhela-sedhela watuk menggeh-menggeh.  Ing batine dumadakan tuwuh perang tandhing swara loro saka njero sing padha sorane. Sing siji kepengin ngeman  awak, sijine maneh kudu nglabuhi kanca-kancane. Lasirin gedheg-gedheg. Banjur nggigil maneh.
“Sampeyan… rak ngerti dhewe ta, Lik, awakku… wis gapuk kaya ngene…. Apa ya … isih kuwawa… mbadhut?” wangsulane Lasirin karo menggeh-menggeh ngampet mengine.
“Bisa! Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Sampeyan nyimpen kabisan sing ngedab-edabi ing babagan gecul-geculan. Marno Singkek, Nardi Meler, apa dene Jaeman Klithik gak paja-paja yen ditandhing karo sampeyan.  Tenan iki, Pak Dhe! Dene bab penyakite sampeyan mengko bakal tak tambakake nyang  dokter nganti saras.  Piye Pak Dhe?” pandheseke Pak Bandi.
Lasirin unjal ambegan nyendhat-nyendhat. Pak Bandi disawang satleraman. Banjur panyawange dibuwang metu adoh maneh. Sepi. Kekarone dadi meneng-menengan. Sajake padha kentir marang arusing lamunane dhewe-dhewe. Mung kala-kala ajeg sineling gigil watuk saka pendhagel tuwa kuwi. Tangane Pak Bandi kumlebat mijeti pundak lan gulune Lasirin. Nganti sawetara wektu, hengga rada lerem watuke Lasirin. Embuh lerem temenan apa pancen diampet. Pak Bandi tetep sabar  angranti wangsulan saka wong tuwek elek nanging sing tansah dadi klangenane wong akeh iki.
“Ya wis, nek pancen aku isih dibutuhake kanca-kanca lan uga para warga kabeh mengko tak cobane ning ana sarate….”, wangsulane Lasirin sawise nimbang-nimbang sawetara. Sidane dheweke nibakake pilihan kanggo kapetingane wong akeh. Dheweke ora tega marang nasibe kanca-kancane yen nganti padha kaliren krana wis ora payu tanggapan. Yen pancen ngono tenan, dheweke malah rumangsa dosa marang kanca-kancane ngethoprak kabeh.”Luwih becik sisa umur iki tak anggo aweh pitulung marang bala-bala mbabungan kae”, ngono dheweke mbatin kanggo nguwatake tekade.
“Sarate apa, Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine.
“Pisan
, aku gelem bali manggung yen wis waras lan ora nggigil maneh. Dene angka loro saben ana tanggapan aku kudu diparani lan dibocengake nganti tekan panggonane sing nanggap ya mung kuwi sarate.”
“Beres, Pak Dhe! Tak sanggupi. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Ayo saiki uga tak gawa nyang dokteran!”
Ing wektu kuwi uga Lasirin klakon diobatake menyang dokter ing kutha sing ora patiya adoh saka desane. Seminggu sepisan Pak Bandi nlateni ngeterake Lasirin menyang dokter kuwi mau. Ganep patang minggu sajake Lasirin wis katon sehat. Mung wae dokter pesen yen Lasirin kudu gelem njaga awak lan mangane.. Ora kena melek bengi, lan ora kena ulah gawe sing abot-abot. Nanging Lasirin mbatin yen ora bakal bisa nuruti nasekate dokter iki. Yen dheweke klakon waras lan kudu mangkat manggung maneh, mesthine kudu melek bengi, penthalitan, lan pethakilan ing ndhuwur panggung, sing abote ora kalah yen ditandhing karo wong nggoluk ing sawah apa dadi manol kae.
Lasirin bali manggung. Rombongan kethoprak Mangun Budaya bali ngrembuyung. Laris manis. Lasirin saya ngedan anggone dhapuk dhagelan. Wis gilig tekade kanggo ngabdekake sisa umure. Ya mung krana ndhagel iki modhale kanggo lelabuh marang sapada-padane urip. Bisa nglancarake dalan pangane kanca-kancane.. Uga bisa aweh panglipur marang sagunging warga sakiwa-tengene. Dheweke krasa mongkok lan marem banget  atine. Bebasan kaya dene nyandhung kembang cempaka sawakul-wakul gedhene.
Kosok balen karo Pak Bandi. Sanadyan Mangun Budaya bali gumregah, nanging dheweke malah miris nyawang polah tingkahe Lasirin sing sajak kebablasen semangate. Yen nganti ana apa-apane Lasirin, dheweke sing rumangsa paling luput, jalaran ya dheweke sing ngojok-ojoki Lasirin supaya gelem manggung maneh.. Mula dheweke banjur mbudidaya supaya Lasirin bisa rada direm semangate sing tuwuh makantar-kantar kuwi. Carane, kala-kala Lasirim ora dikabari yen pinuju entuk tanggapan ngedhur tanpa leren. Sanadyan ta nggawa resiko gawe kuciwane wong sing nonton apa dene sing nanggap, kalamun kepeksa pentas kethoprakan tanpa Dhagelan Lasirin.
Ngepasi dina pengetan ari kamardikan  pitulas Agustusan ing kutha kecamatane, Kethoprak Mangun Budaya ditanggap. Amarga ing wewengkone dhewe tur kanggo pengetan ari kamardikan, mula Pak Bandi sarombongan ora mathok rega tanggapan kaya adate. Wis padha diniyati setengah sambatan. Mula Lasirin uga ora dijawil. Luwih-luwih sedina sadurunge, nalika Pak Bandi tilik menyang omahe Lasirin, sing ditiliki katon gumlethak lara. Pak Bandi saya mantep yen pentas ing kutha kecamatane ora perlu nganggo dhagelan Lasirin. Sanadyan penontone mengko bakal padha kuciwa ya ora dadi apa. Sing baku Lasirin kala-kala bisa ngaso sawetara. Marga ora dikabari mula ing bengi pentas kuwi Lasirin ora teka temenan.
Tabuh sanga bengi pentas diwiwiti. Nalika tiba giliran ekstra geculan sawise jejeran kedhatonan, sing didhapuk minangka dhagelan ora liya Damin sing adate dadi pasangane Lasirin. Bengi kuwi kepeksa dipasangi Pak Bandi dhewe. Kekarone padha mbudidaya gawe geculan lan jejogedan kanggo aweh panglipur marang penonton. Sing dikuwatirake Pak Bandi klakon temenan. Penonton padha kuciwa bareng diwenehi ngerti yen bengi kuwi Lasirin ora bisa aweh panglipur amarga lagi nandhang lara. Penonton ora bisa nampa alesan kuwi. Salah siji ana sing mbalangake gelas wadhah aqua menyang panggung. Banjur liyane padha kepancing niru, nyawatake apa wae sakecekele marang Pak Bandi lan Damin. Swasana dadi rame semrawut. Para punggawa Hansip padha nyoba melu nentremake penonton, nanging wis ora digubris babar pisan. Kabeh-kabeh padha nuntut supaya Lasirin bisa ditekakake ing bengi kuwi uga.
Keber ngarep dikerek mundhun. Pak Bandi lan Damin mudhun saka panggung bali menyang kombongan. Penonton ora mendha pangamuke malah saya ndadra. Bareng keber ngarep ditutup, para penonton padha genti ngrangsang para pengrawite.. Mula para penabuh gamelan nuli padha buyar mlayu ngadohi panggung.
“Merdekaaaa!….merdekaaaaa!....merdekaaaaa!” dumadakan ana swara saka tengah-tengahe penonton sing lagi padha ngamuk kuwi. Kabeh nuli katon mlengaki asaling swara. Ing tengah-tengahe penonton ana sawijining pawongan sing nganggo klambi kimplongan werna putih. Sirahe nganggo udheng abang putih saka dhuk Pramuka. Salah sijining penonton ana sing alok ngundang jenenge Lasirin. Pancen bener. Pawongan sing nganggo sandangan putih-putih lan nganggo udheng merah putih kuwi ora liya pancen Lasirin temenan.
“Hidup Lasirin! Hidup Lasirin! Hidup Lasirin” ngono sorake penonton kaya ambata rubuh. Lasirin kanthi trengginas munggah panggung sing kebere isih  durung dikerek munggah.
“Merdekaaaa!” aloke Lasirin karo ngepelake tangan tengene.
“Merdekaaaa!” kabeh penonton padha nyaut kanthi serempak, uga karo ngangkat tangane.Keber bali dibukak. Lasirin klakon ndhagel, dikancani Pak Bandi lan Damin. Swasana malik grembyang. Penonton padha lega atine. Banjur kaya adate akeh sing padha nguncalake wungkusan isi rokok, lan amplopan kanggo nyawer. Siji baka siji layang pesenan lelagon saka penonton dileksanani. Penonton saya kranjingan. Jumbuh marang solah tingkahe Lasirin sing saya ngedan. Kaya dudu sabaene.
Pak Bandi lan Pak Damin wiwit kuwatir marang polahe Lasirin kanggo nglanggati panjaluke para penonton. Pak Bandi nyoba aweh sasmita marang Lasirin supaya anggone ndhagel dilereni luwih dhisik. Mengko yen wanci tengah wengi bisa ditutugake maneh. Nanging Lasirin ethok-ethok ora ngerti sasmita saka Pak Bandi. Terus lan terus anggone nglucu, nglawak, ndhagel, nembang, sinambi jogedan pethakilan.  Ing bengi iki ngepasi pengetan ari kamardikan, kaya-kaya dheweke kepengin ngesok glogok kabeh  kabisane kanggo aweh panglipur marang kabeh warga masyarakat lan meh kabeh padha njerit nalika Lasirin klakon nggeblag ing ndhuwur panggung. Pak Bandi lan Damin padha gugup mrepegi Lasiran sing tiba mlumah ora obah ora onthek kuwi. Kekarone banjur katon ngoyog-oyog awake Lasirin. Nanging Lasirin tetep ora kemruget babar pisan.
Para paraga Mangun Budaya liyane uga banjur melu ngrubung Lasirin. Kabeh kepengin nyumurupi kahanane Lasirin sing sabenere. Nanging sajake pancen wis tiba marang pepesthene. Lasirin tumekeng pati nalika lagi ngayahi jejibahan sing wis diyakini. Apa ya dheweke wenang sinebut minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora bakal dikubur ing Taman Makam Pahlawan ngendi wae. Banjur nganti ganep pirang ndina jenenge Lasirin bakal dieling-eling dening para warga? Kabeh ora padha ngerti, kajaba amung Gusti Kang Maha Suci.

Jumat, 13 Januari 2012

Dongeng



TLASAMUREP

            Di pelosok desa Blitong terdapat sebuah rumah sederhana milik Mak Surti. Mak Surti adalah orang miskin yang suka menolong orang yang sedang kesusahan. Ia juga mempunyai seorang anak yang bernama Joko. Joko adalah anak yang selalu patuh akan perintah Mak Surti.
            Setiap harinya, Mak Surti selalu mencari kayu bakar di hutan Baijin. Sedangkan, Joko mencari buah-buahan dan sayuran untuk dimakan.
            “ Mak, aku pergi dulu ke hutan ya.” Pamit Joko.
            “ Ya, sana. Nanti Mak nyusul.” Jawab Mak Surti.
            Mak Surti pun bergegas menyelesaikan pekerjaan rumah. Setelah selesai, Mak Surti pun bergegas menuju hutan Baijin. Namun, saat akan berangkat Joko pun pulang.
            “ Assalamu’alaikum, Mak.” Salam Joko.
            “ Wa’alaikum salam.” Jawab Mak Surti sambil menbuka pintu.
            “ Eh kamu sudah pulang ya, Joko. Cepat sekali.” Tanya Mak keheranan.
            “ Iya, Mak. Karena di hutan banyak buah-buahan dan sayuran yang sudah
             masak, makanya aku pulang cepat.”
            “ Joko, tolong jaga rumah ya ! Mak mau pergi ke hutan dulu.”
            “ Baik, Mak.”
            Mak Surti pun bergegas pergi ke hutan Baijin. Setelah sampai di hutan Baijin, mak Surti langsung mengambili ranting-ranting pepohonan yang berjatuhan untuk digunakan sebagai kayu bakar.
            Saat perjalanan pulang, Mak Surti berpapasan dengan Bu Minah yang sedang bersama dengan Marni anaknya.
            “ Assalamu’alaikum, Mak.” Sapa Marni.
            “ Wa’alaikum salam.”
            “ Mak, dari mana ?” Tanya Bu Minah.
            “ Mak baru saja pulang dari mencari kayu bakar di hutan Baijin.”
             Jawab Mak Surti.
            “ Oh……, ya sudah. Kami duluan ya, Mak.”
            “ ya.”
            Setelah sampai di rumah, Mak Surti langsung memasak makanan yang sudah Joko cari tadi. Setelah jadi, mereka pun langsung memakan makanan tersebut.
            “ Enak ya, Mak.” Ujar Joko.
            “ Iya, dong. Masakan siapa dulu ? Emak.”
            “ Iya, masakan Mak memang yang paling enak.” Jawab Joko sambil memuji Mak.
            Setelah mereka selesai makan, mereka pun melanjutkan perkerjaan mereka seperti biasanya. Setiap hari, pekerjaan seperti itu dilakukan oleh Mak Surti dan Joko. Suatu hari, datang seorang peminta-minta ke rumah Mak Surti.
            “ Mak, minta Mak.” Kata peminta-minta.
            “ Ini Mak kasih pisang goreng. Maaf ya, Adanya hanya itu.”
            “ Tidak apa-apa Mak. Terimakasih ya, Mak.”
            “ Sama-sama.”
            Mak pun melanjutkan pekerjaannya. Tak lama kemudian, datanglah seorang saudagar kaya yang sombong. Saudagar kaya tersebut bernama Pak Umar.
            “ Sedang apa kau Mak ?” Tanya Pak Umar.
            “ Mak sedang menyapu halaman.” Jawab Mak Surti.
            “ Mak, kenapa rumah Mak seperti gubug reot ?”
            “ Ya, karena memang uang Mak hanya cukup untuk membangun rumah ini.”
             Jawab Mak merendah.
            “ Apakah Mak semiskin itu ?”
            “ Yah…, memang kehidupan Mak begini. Mak sudah berusaha, jadi Mak
             harus mensyukurinya.”
            “ Kasihan, rumah Mak seperti ini.”
            Pak Umar pun meninggalkan Mak. Setiap hari, setiap Pak Umar datang, pasti kerjaanya hanya mengejek Mak saja. Tetapi, dia juga merasa kesal kepada Mak. Karena setiap Pak Umar mengejek,  Mak tetap saja sabar dan tidak marah kepada Pak Umar.
            Suatu hari saat Joko sedang mencari kelapa di hutan untuk dimakan, tiba-tiba Joko pun jatuh dari pohon kelapa tersebut. Luka yang diderita Joko pun cukup parah, sehingga kakinya patah. Akibat kejadian tersebut, Mak pun kekurangan bahan makanan karena tidak ada yang mencarinya.  Mak pun mencoba meminjam uang kepada warga desa Blitong untuk biaya Joko berobat ke tabib.
            “ Bu Minah, bolehkah saya meminjam uang untuk berobat anak saya Joko, Bu ?”
            “ Maaf ya, Mak. Saya juga sedang butuh uang untuk anak saya sendiri.”
            “ Oh, begitu. Ya, tidak apa-apa.”
            “ Oh ya, Mak. Saya dengar-dengar di dalam hutan Baijin terdapat sebuah pohon
             yang dapat menyembuhkan segala penyakit. Tanaman tersebut bernama Tlasa-
            murep. Mungkin saja bisa menyembuhkan penyakit Joko.”
            “ Oh, begitu. Nanti Mak akan coba cari tanaman tersebut.”
            “ Oh,ya. Dan katanya siapa saja yang bisa menyabut pohon tersebut nantinya ia
  akan bisa menyembuhkan segala penyakit dengan caranya sendiri.”
            Mendengar kata Bu Minah, Mak pun langsung pergi ke hutan Baijin untuk mencari tanaman yang diberitahukan padanya tadi. Mak pun mencari dengan sabar tanpa mengenal kata menyerah. Hingga tak lama kemudian, Mak pun berhasil menemukan tanaman tersebut. Mak pun berhasil menyabut pohon tersebut.
            Ia pun langsung menyeduh tanaman tersebut dengan air panas. Setelah itu, air hasil seduhan tersebut diberikan pada Joko untuk Joko minum.
            “ Joko, ini obatnya. Diminum ya supaya cepat sembuh.” Suruh Mak.
            “ Ya, Mak. Aku akan giat meminum obat ini, agar aku bisa mengerjakan
             pekerjaanku seperti biasanya lagi.”
            2 hari kemudian, Joko pun sembuh. Mak sekarang sudah lega karena Joko tidak sakit lagi. Mendengar hal tersebut Pak Umar tidak suka. Suatu hari, pak Umar berencana akan menyesatkan mak Surti ke dalam hutan Baijin. Dengan cara mentipu dayainya.
“ Mak Surti saya dengar-dengar, di hutan Baijin yang sebelah selatan terdapat
 banyak sekali kayu bakar, buah-buahan, dan sayuran.”
            “ Apa benar ? kalu begitu Mak akan pergi ke sana sekarang.” Jawab Mak Surti.
             Mak Surti pun bergegas pergi ke tempat yang ditunjukkan oleh Pak Umar.
            “ Mak, kok lama sekali, pasti dia sudah tersesat di hutan. Tetapi. Apa benar kalau
             Mak Surti sudah tersesat.”
            Karena penasaran, Pak Umar pun mencoba mengecek ke dalam hutan Baijin. Saat Pak Umar mengecek, ternyata Mak sudah keluar dari dalam hutan Baijin sambil membawa beberapa kayu bakar, buah-buahan, dan sayuran.
            “ Kenapa Mak tidak ada juga ya ?”
            Pak Umar pun mencoba keluar dari hutan Baijin tersebut. Namun, Pak Umar lupa jalan menuju untuk pulang dan akhirnya ia tersesat. Beberapa hari kemudian, Pak Umar tetap berada di dalam hutan Baijin. Ia pun dipenuhi oleh rasa takut, was-was, dan khawatir.
            “ Kenapa tidak ada yang menolongku juga. Kan aku takut di sini sendirian.”
            Mak Surti pun mendengar kabar tentang Pak Umar yang sudah 3 hari ini tidak pulang juga. Warga desa Blitong pun ikut khawatir. Mak Surti pun mencoba mencari Pak Umar ke dalam hutan Baijin.
            “ Pak Umar, Pak Umar di mana ?” Ujar Mak.
            Beberapa kali Mak mengucapkan kata itu, namun tidak ada yang menyahutnya. Hingga tak lama kemudian, Mak mendengar rintihan orang yang sedang lapar. Mak pun menghampiri suara tersebut.
            “ Pak Umar, apakah kau Pak Umar ?” Tanya Mak.
            “ ya, benar. Ini aku Pak Umar, Mak.”
            “ Pak Umar kamu kemana saja selama ini ?”
            “ Aku tersesat di sini, Mak.”
            “ Apa yang menyebabkan kau tersesat di sini, Pak Umar ?”
            “ Maafkan aku, Mak.”
            “ Maaf atas apa Pak Umar ?”
            “ Sebenarnya, yang kemarin aku bilang itu hanya jebakan saja Mak. Agar
  Mak tersesat di hutan ini. Tetapi, malah aku sendiri yang tersesat.”
“ Ya, tidak apa-apa kok. Kesalahan Pak Umar sudah Mak maafkan.”
“ Terima kasih ya, Mak.”
Sejak saat itu, pak Umar menjadi pribadi yang lebih baik lagi dari sebelumnya. Semua itu berkat Mak Surti. Sekarang, Pak Umar menjadi saudagar kaya yang dermawan dan suka menolong.